7/14/13

Posting Blog Basa Jawa

NOLKILO - Mlaku-mlaku ning jagad blogger, inyong weruh ana siji ... loro ... postingan blog sing nganggo basa jawa. Wuih, jian katon unik banget marai inyong kepengin nulis basa jawa ning blog elek kiye. Mbuh bener apa ora cara nulise sing penting postingan njawani. Leres nopo mboten nggih?

Basa jawa kadang bisa enak diomongna tapi angel ditulis sebab manut dialek tempat. Basa kromo inggil, basa ngoko lan basa pasaran ya beda ora kaya bahasa Indonesia sing lewib me-nasional. Basa Jawa daerah pesisir pantai utara kaya Indramayu, Cirebon, Tegal mesti bae beda karo basa ning tlatah Jogja lan Solo sing lewih alus. Apa maning basa jawa timur dialek Arek lan Surabaya. Cara ngomonge ya beda kanggo tulisan jawa sing pada. Inyong kui artine aku atau saya (bahasa Indonesia), logat Tegal kiye. Basa aluse ya 'kulo' kanggo wong biasa lan 'ingsun' kanggo para priyayi ning njero keraton.

Wis ah, semene bae nulis postingan iseng ora genah sing njawani. Aja digeguyu ya mengko inyong dadi isin malah mutung ora gelem nulis cara jawa maning.

Maturnuwun wis maca blog elek kiye

1 comment:

  1. ngeblog nganggo boso jowo ugo ono manpaate loh mas bro.
    Biasane ing Om Google cepet di index... :)

    ReplyDelete